Sadherek ingkang kinasih, punapa kita sadaya sampun ngucap sokur kaliyan ingkang sampun kita tampi sapunika? puji sokur konjuk Gusti manawi kita sampun ngaturken atur panuwun dhumateng Gusti Allah awit sadaya berkah-berkah inggih sacara kajasmanen lan karohanen.

Kasunyataning gesang ing jaman sapunika ngajak kita sadaya anggadahi sikep konsumtif. Kanthi kathah cara dipun gambaaken, kados-kados kabingahan mesthi badhe kita tampi manawi kita tumbas produk A, B, lan C. Langkung-langkung ugi wonten ingkang sacara gamblang bilih manawi dereng mundhut produk A, B, C kita kalebet tiyang ingkang ketinggalan jaman, kirang gaul , lsp. Pramila manungsa nggadahi pangange-angen kedah nggadahi produk A, B, C punika sarta boten nate kendhat anggenipun nggadahi raos kapengin. Lumantar kartu kredit kathah tiyang ingkang utang supados saged nggayuh pepinginanipun punika awit boten purun kasebat kirang gaul utawi ketinggalan jaman. Wonten satunggaling unen-unen “semakin lama kita semakin sulit untuk merasa bersyukur atas segala yng kita miliki, semakin jarang kita mendengar kata cukup diucapkan dengan penuh sukacita” lan jagad samanke taksih ngajak manungsa nggadahi pangangen-angen lan pola pikir kados makaten.

Nalika ing jaman Rasul Paulus, pagesanganipun warga ing Kitha Rum punika kathah ingkang ngugemi kapitadosan Hedonis ingkang nggadahi pamanggih ancasaning gesang punika ngudi sarta ngraosaken kabingahan kadonyan. Pramila Rasul Paulus maringaken pamrayogi tumrap pasamuwan ing Kitha Rum, Rum 12:1 “padha nyaosna badanmu minangka kurban kan urip lan suci”. Rasul Paulus badhe mbikak manahipun pasamuwan ing Kitha Rum, bilih sampun ngantos ngginakaken badan sacara sawiyah-wiyah. Badan punika kagunganipun Gusti piyambak.

Wonten ing salebeting Sang Kristus, badan punika kagunganipun Gusti Allah makaten ugi Roh. manawi Roh punika lelados wontening salebetipun Gusti, badan kita ugi lelados. Ing Sang Kristus badan punika padalemaning Sang Roh Suci sarta sarana ingkang dipun agem Sang Roh Suci. Pramila, Rasul Paulus maringaken pamrayogi “padha nyaosna badanmu minangka kurban kan urip lan suci”.

Nalika kita katimbalan sowan wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, sadaya barang darbe kita boten saged dipun beta tegesipun manungsa kedah nilaraken bab-bab ingkang saged damel satunggaling kabingahan ing gesangipun punika (bandha kadonyan). Kadosdene ingkang dipun ngendikaken Gusti Yesus ing Mateus 16:19 “apa kang koktaleni ana ing donya bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya, bakal kauculan ana ing swarga”. Saking pangandika punika, Gusti Yesus badhe ngemutaken kita sadaya bilih bab kawilujengan utawi gesang langgeng punika gumantung kadospundi anggen kita ngupadi wonten ing jaman samangke, awit kita ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus sami kaparingan soroging Kraton Swarga. Sumangga lumantar badan lan roh kita, saestu ngginakaken kagem ngluhuraken asmaning Sang Yehuwah. Ing panutupan Papenkris 2017 punika, kita kaemutaken malih supados boten kelu ombyaking jaman ingkang konsumtif ingkang njalari kita rumaos kirang. Gusti mberkahi kita, amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.