Renungan Bahasa Jawa

(Mateus 10:40-42)

Wonten ing serat Galati 5:22-23, dipun serat bilih “Alusing Budi” punika salah satunggaling Wohing Roh. Sedaya ingkang kalebet Wohing Roh punika prayogi tumraping gesangipun tiyang pitados. Supados gesanging tiyang pitados saged ngedalaken woh ingkang sae tumraping sedaya tiyang sarta boten dados krikil utawi watu sandhungan ing gesang padintenan.

Lumantar sabdaning Gusti ing seratan punika, sacara mirungga kita badhe nggengilut bab alusing budi. Ing waosan injil Mateus 10:40-42 Gusti Yesus paring pamrayogi lan prasetya tumrap para murid sarta sedaya tiyang pitados ngantos sepriki, bilih ndherek Gusti Yesus punika kedah masrahaken gesang kanthi sawetahipun (dipun gatosaken ing waosan saderengipun ay.34-39). Ing waosan ayat 40-42, wonten ganjaran nalika kita purun masrahaken gesang sawetahipun dhumateng Gusti. Ganjaran punika satunggaling ganjaran ingkang prayogi lan ganjaran ingkang dhatengaken tentrem rahayu.

Anggen kita masrahaken gesang dhumateng Gusti Yesus punika boten cekap namung pitembungan, nanging ugi tumindak nyata. Saking sabda punika, conto tumindak nyata punika alusing budi lan saking ayat 40-42 sangsaya cetha malih tumindak nyata punika awujud “nampani” lan “aweh banyu kang seger”. Punapa tegesipun? Alusing budi punika purun “ngrangkul” sedaya tiyang kanthi boten mbenten-bentenaken tetiyang lan purun andum katresnan tumraping sedaya tiyang kanthi saksae-saenipun. Werdinipun raos katresnan punika kita wujudaken kanthi sajangkepipun.

Menawi kita purun ngrangkul lan andum katresnan tumrap sedaya tiyang, kita ugi nresnani Gusti Yesus lan nalika kita purun nresnani Gusti Yesus lumantar sadherek kita, kita ugi nampeni katresnanipun Gusti sami kaliyan sabdanipun Gusti Yesus “wong iku mesthi bakal tampa pituwase”. Iba endahing prasetyanipun Gusti Yesus tumrap para tiyang pitados. Gusti Allah punika alus ing bebuden, kita ugi kedah mbudidaya bab punika!
Sadherek, sumangga sabdanipun Gusti punika kita gatosaken lan tindakaken kanthi saestu, ngwujudaken alusing budi saben dinten dhumateng soksintena kemawon. Gusti Allah piyambak ingkang ngiyataken lan nuntun kita sedaya. Amin

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.