Tembung “seksi” mujudaken tembung ingkang asring kita pireng utawi ucapaken wonten ing gesang padintenan. Salah satunggaling pangertosan “seksi”, inggih punika tiyang ingkang anggadhahi pawartos kapisan bab satunggaling prekawis, amargi tiyang punika mangertos, ngalami utawi ningali prekawis kala wau.

Wonten ing Kitab Suci, kathah tiyang ingkang saged kasebat seksi bab Gusti Yesus Kristus lan sadaya pakaryanipun. Salah satunggalipun, Kitab Lukas 8:26-39, ingkang nyariosaken Gusti Yesus nyarasaken tiyang kapanjingan dhemit ing Kitha Gerasa. Dhemit ingkang manjing ing tiyang kala wau nyebat dirinipun kanthi tembung “Legion”. “Legion” mujudaken sebatan kangge prajurit Romawi ingkang anggotanipun 3.000 – 6.000 prajurit. Pramila, saged dipun mangertosi bilih dhemit ingkang manjing mboten namung setunggal, ananging kathah. Awit saking punika, tiyang kala wau sampun mboten saged malih dipun rante. Kasangsaran saged karaosaken nalika kita nggatosaken carios bilih tiyang ingkang kapanjingan dhemit punika sampun dangu mboten ngagem sandhangan lan manggen ing pakuburan. Piyambakipun kecalan gesangipun ing satengahing brayat lan masyarakat. Awit kathah lan rosanipun panguwaosipun dhemit ingkang manjing, pramila sampun mboten wonten tiyang ingkang saged paring pitulungan.

Nalika Gusti Yesus rawuh, dhemit-dhemit ingkang manjing mratelakaken raos ajrih lan ngakeni panguwaosipun Gusti Yesus. Lukas 8:28 neksekaken makaten: “Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Maha Luhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.” Awit welasipun dhateng tiyang kala wau, Gusti Yesus mitulungi. Dhemit-dhemit ingkang manjing sami kausir lan pindah dhateng babi-babi. Tiyang punika kaluwaran saking panguwaosipun dhemit. Sasampunipun kaluwaran, gesangipun ngalami ewah-ewahan. Ingkang sawaunipun mboten saged dipun kendaleni, wuda lan manggen ing pakuburan, kagantos kawontenan ingkang anteng, lenggah celak kaliyan sukunipun Gusti, sampun ngagem sandhangan lan sampun waras. Tiyang punika sampun ngraosaken pitulunganipun Gusti. Piyambakipun sampun ngraosaken piyambak dirinipun kaluwaran saking panguwaosipun dhemit ingkang kathah sanget. Pramila piyambakipun kepengen saged ndherekaken Gusti Yesus ing peladosipun. Panyuwunan punika dipun tanggapi Gusti Yesus kanthi dhawuh supados tiyang punika wangsul lan saged tansah neksekaken utawi nyarisoaken pakaryanipun Gusti ingkang sampun katampi ing gesangipun. Tiyang punika kautus dados seksi bab Gusti ingkang saestu nresnani lan kuwaos mitulungi umat manungsa.

Minangka tiyang pitados, temtu kita ugi sampun saged ngraosaken katresnan saha panguwaosipun Gusti ingkang mitulungi kita. Gusti sampun ngluwari kita saking panguwaosipun dosa lan pepejah langgeng. Pramila kita pitados bilih Gusti ugi kuwaos ngluwari kita saking prekawis-prekawising gesang kita. Pramila sageda kita tansah neksekaken pakaryanipun Gusti ingkang sampun kita tampi ing gesang kita.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.