Maryam mujudaken salah satunggaling tiyang ingkang saged dados tuladha bab gesang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Prekawis punika saged kita raosaken ing aturipun Maryam ingkang kaserat ing Lukas 1:38 “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngendikakaken.” Jawaban punika mboten jawaban ingkang entheng utawi tanpa pertimbangan, ananging ugi ketingal wontenipun pitakenan ing manahipun Maryam tumrap timbalan punika.

Maryam nanggapi pawartosipun Malaekat ingkang ngendika bilih Maryam badhe ngandheg lan mbabar putra kakung kanthi pitaken: “Punika, sagedipun kalampahan kados pundi, jalaran kawula dereng emah-emah?” Wonten ing pitakenan punika saged karaosaken maneka warni raosing manahipun Maryam, antawisipun:

  • Kados pundi Maryam saged ngandhut lan babaran manawi dereng gadhah semah?
  • Punapa saged ngandhut tanpa sesambetan kaliyan tiyang kakung?
  • Manawi piyambakipun ngandhut tanpa garwa, kados pundi pamawasipun tangga tepalih? Punapa sami saged mangertos lan nampi? Kados pundi raosing manahipun Yusuf? Punapa Yusuf ugi saged nampi Maryam malih?
  • Manawi sadaya punika kelampahan, temtu badhe nuwuhaken kawontenan ingkang ruwet, ingkang ugi temtu awrat kangge Maryam, Yusuf, Brayat, lan ugi putra ingkang badhe lair punika.

Tetela bilih Maryam ugi mbetahaken daya ingkang ageng anggenipun nampi timbalanipun Gusti. Mbetahaken daya supados saged mbangun miturut lan setya tuhu sawetahipun. Kawontenan punika ugi saged kita raosaken nalika kadhawuhan leladi ing satengahing pasamuwan lan masyarakat. Wonten pitakenan-pitakenan kados ta “punapa kula nggadhahi kasagedan?”, “menapa kula saged mbage wekdal?”, lsp. Ananging, Maryam saged mungkasi sedaya pitakenan punika kanthi kasanggeman, awit Malaekat ngengetaken Maryam bilih mboten wonten prekawis ingkang mokal tumrap Gusti Allah, Jabang bayi punika suci mboten awit saking manungsa, lan Maryam pitados bilih nalika Gusti kepareng ngagem, Gusti temtu paring margi lan pitulunganipun. Maryam nglenggana bilih piyambakipun punika namung abdi ingkang kedah mbangun miturut dhumateng Gusti. Maryam saged ngraosaken bilih “Gusti punika ingkang luhur utami”, ingkang kapereng ngagem manungsa ingkang prasaja.

Kados dene Maryam, Sang Prabu Dawud ugi dipun tuntun Gusti supados saged nglenggana bilih “Gusti punika ingkang luhur utami.” Nalika Sang Prabu Dawud sampun jumeneng raja lan kagungan panguwaos saha kasugihan, piyambakipun badhe mbangun padaleman kagem Gusti. Ananging, Gusti ngemutaken bilih sadaya ingkang katampi dening Dawud punika saking berkahipun Gusti. Dawud punika rumiyin namung pangen mendha, lan awit berkahipin Gusti saged jumeneng dados Raja Israel. Gusti ngengetaken bilih sanes Sang Prabu Dawud ingkang kawuos lan mranata Gusti, ananging Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos nuntun Prabu Dawud ngantos dumugi tedhak turunipun. Gusti ngendika bilih putranipun ingkang badhe mbangun padaleman suci. Lan Sang Prabu Dawud nglenggana bilih piyambakipun namung abdi, pramila inggih mbangun miturut dhumateng karsa lan rancanganipun Gusti.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.