Renungan Bahasa Jawa

Markus 1:14-20

Para sadherek,
Mbok bilih panjenengan nate mireng utawi nembang Kidung Pasamuwan Kristen Lawas (KPKL) 154 ingkang jejeripun “Mareka Marang Gusti”, pada kaping 3 ingkang makaten : Aja semaya, umareka. bareng sadina iki uga. rungokna ta arum swaranya, Gusti kang nimbali.

Para sadherek,
Timbalanipun Gusti Yesus bab pamratobat kedah kita tanggepi kanthi tumemen, tanpa semaya! Lha yen ngantos semaya, sinten ingkang mangertos? Ujug-ujug..”kok laah telatt!”

Cariyos timbalanipun Gusti Yesus wonten ing waosan Injil dinten punika dhateng sawetawis tiyang dados muridipun ugi dipun tanggepi kanthi boten semaya. Simon, Andreas, Yakobus lan Yokanan nalika taksih njala ulam ing segara Galilea dipun timbali “ayo padha melua aku”. Kanthi sigra, “..nuli enggal-enggal ninggal jalane..”. Sumanggem ndherek timbalanipun Gusti Yesus, manut ing karsanipun sarta sumadiya ndherek ing paladosan.

Para sadherek, saking cariyos ing nginggil tegesipun para murid sumadiya ndherek Gusti sacara sawetahipun lan sajangkepipun utawi kanthi ukara sanes ndherek Gusti 100%! Saking cariyos punika, kita saged nyinau bilih pancen gesanging tiyang pracaya punika kedah timbang antawis gesang kadonyan (nglampahi gesang ing jagad) lan gesang kaswarga (gesang kanthi manut dhawuhipun Gusti). Boten tegesipun dipun bage 50% gesang kadonyan lan 50% gesang kaswargan, nanging 100% nglampahi gesang padintenan kanthi ngeneraken manah dhumateng sedaya dhawuhipun Gusti Allah.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.