Renungan Bahasa Jawa

(Mateus 13:31-33; 44-52)

Waosan dinten punika ngendikaaken babagan Kratoning Swarga. Kratoning Swarga punika paprentahaning Allah, karsanipun Allah, Sabdanipun Allah lan pepakenipun Allah ingkang kedah dipun tindakaken kanthi sampurna dening para umatipun. Kadosdene wonten ing Donga Rama Kawula “Kraton Paduka rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga”. wonten ing Kratoning Swarga paprentahaning Allah sampun lumampah kanthi sampurna, satemah tentrem rahayu lan kabingahan karaosaken. Nalika Sang Kristus rawuh, Kratoning Allah punika sampun wonten ing bumi lan saged karaosaken dening para umat kekasihipun Allah, nanging dereng sampurna.
Babagan Kratoning Allah wonten ing waosan dinten punika kita saged nampi 5 pasemon.

  1. Kratoning Allah kadosdene “wiji sawi” ingkang alit lan asring dipun remehaken nanging nalika tuwuh, ngoyot lan ngedalaken pang sarta godhong, wiji punika dados wit ingkang ageng sanget saged kangge saba manuk lan nusuh.
  2. Kratoning Allah kadosdene “ragi” ingkang sawaunipun alit nanging nggadhahi daya ingkang ageng. Saged damel adonan matikel-tikel lan raosipun eca.
  3. Kratoning Allah kadosdene “raja-brana ingkang kapendhem ing pategalan” ingkang boten katingal, nanging nalika saged nemokaken, tiyang punika saged pikantuk karahayon.
  4. Kratoning Allah kadosdene “wong dagang kang golek mutyara kang adi”. mutyara punika satunggaling bab ingkang endah lan ngremenaken. Kacariyosaken tetiyang ingkang nyade sedaya barang darbekipun supados saged pikantuk mutyara punika.
  5. Kratoning Allah kadosdene “krakad kang ditibakake ing sagara” ingkang saged ngempalaken maneka warni ulam. Nalika sampun ing gegisik, ulam punika dipun piji, pundi ulam ingkang sae lan boten sae. Inggih kados makaten para malaekat misahaken pundi tiyang ingkang mursid lan pundi ingkang ala.
    Saking 5 pasemon punika kita saged nemahi bilih Kratoning Swarga punika satunggaling prekawis ingkang prayogi lan kedah kita upadi sesarengan. Kenging punapa kedah kita upadi? Awit saking proses punika, manungsa badhe dipun pisahaken, pundi ingkang mursid lan pundi ingkang awon.
    Gusti Allah kagungan rancangan endah tumraping sedaya manungsa, inggih punika kawilujengan sampurna. Nanging sedaya punika gumantung kita, punapa kita purun ndherek ing rancanganipun Gusti punapa boten. Kadospundi gesang kita? Manut visinipun Gusti Allah punapa manut godha rencananing panguwaosing dosa. Amin.
Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.