Renungan Bahasa Jawa

Minggu punika kita lumebet ing Minggu Transfigurasi. Transfigurasi saking tembung manca “transfiguration” ingkang tegesipun: (1) a change in form or appearance, (2) an exalting, glorifying, or spiritual change, ingkang kajarwakaken kanthi kathah tetembungan, dadosa “meninggalkan, memuliakan utawi perubahan spiritual”. Lelampahan proses transfigurasi dados tandha bilih Gusti Yesus kanthi panguwaosioun sumadiya nindakaken kathah mukjijat ngantos dumugi pangurbananipun ing kajeng salib.

Kenging punapa Yesus kedah nglampahi proses transfigurasi kadosdene ingkang kaserat waosan Injil Mateus 17:1-9? Saking transfigurasi punika Gusti Allah nedahaken bilih Yesus punika Sang Mesih ingkang dipun prasetyakaken dening Sang Rama.

“Mateus 17:5: Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”

Saking lelampahan punika, Gusti Yesus ngatingalaken kamulyanipun ing sangajenging Petrus, Yakobus, lan Yokanan. Tanggepanipun para murid ingkang kapiji dados seksi saestu sae “Gusti, iba saenipun bilih kawula sedaya wonten ngriki” (Mat 17:4). Prekawis ingkang prelu dipun gatosaken inggih punika makna saking cariyos transfigurasi, bilih Yesus punika Sang Mesih ingkang badhe nandhang kasangsaran nanging ugi dipun luhuraken ing bumi lan swarga (Mat 16:21).

Sadherek, kita pitados bilih Gusti kita Yesus Kristus punika pancen saestu Gusti ingkang suci, mulya lan kebak ing katresnan lan kita sedaya minangka seksining Sang Kristus ing jaman samangke, mila kita tanggepi kanthi bingah-bingah sarta sedaya sami tinimbalan supados saged dados seksi ingkang sae lan leres ing ngarsanipun Gusti. Awit Gusti kita suci, kita kedah njagi tata gesang kita supados kamulyanipun Sang Kristus saged medal lumantar dhiri kita kanthi gesang suci ing jagad punika. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.