Kitab Lukas 18:9-14 nyariosaken pasemon saking Gusti Yesus bab tiyang Farisi lan Juru Mupu Beya. Tiyang Farisi minangka guru agama Yahudi, pancen kagambaraken minangka tiyang ingkang ngugemi Toret kanthi njlimet lan ngawasi tata gesanging pasamuwan anggenipun nindakaken Toret punika. Tiyang Farisi nganggep bilih Gusti Allah nresnani tiyang ingkang sampurna nindakaken Toret lan ngukum tiyang ingkang mboten nindakaken Toret.
Pramila Tiyang Farisi rumaos bilih gesangipun punika saleh kanthi netepi Toret lan nganggep bilih dirinipun punika langkung suci katimbang tiyang sanes. Dene Juru Mupu Beya mujudaken tiyang ingkang nyambut damelipun ngempalaken pajak saking Tiyang Yahudi kangge pemerintahan Romawi ing Palestina. Pramila Juru Mupu Beya punika biasanipun dipun sengiti dening masyarakat awit kaangep antek-antekipun penjajah lan asring migunanaken cara-cara ingkang kejem.
Nalika kita sampun rumoas gesang leres kados dene para Tiyang Farisi, kita saged dhumawah ing sikep bilih diri kita punika sampurna. Pramila asring ngremehaken tiyang sanes ingkang kaanggep gesangipun ala lan kebak ing dosa. Tiyang ingkang rumaos sampurna kanthi nindakaken hukum agama mboten namung gumunggung ing sangajengipun sesami, ananging ugi saged gumunggung ing ngarsanipun Gusti. Pramila Gusti Yesus nyariosaken bab Tiyang Farisi ingkang sowan ing Padaleman suci kangge ngaturaken kasampurnaning gesangipun dhumateng Gusti. Piyambakipun mboten rumaos mbetahaken Gusti awit sedaya sampun saged dipun gayuh ing kamanungsanipun ingkang sampurna. Kosok wangsulipun tumrap Juru Mupu Beya. Piyambakipun sowan ing ngarsanipun Gusti kanthi raos mboten pantes. Rumaos bilih kamanungsanipun tanpa daya, awit dirinipun punika kebak dosa. Pramila nyuwun kanthi temen ing kawelasanipun Gusti. Gusti Yesus ngagem carios punika kangge ngemutaken tiyang ingkang asring gumunggung ing kamanungsanipun, satemah mboten malih mbetahaken Gusti Allah. Tiyang ingkang kados makaten punika mboten kaanggep leres ing ngarsanipun Gusti. Dene tiyang dosa, ingkang tanpa daya lan saestu nyuwun pitulunganipun Gusti, saged ngraosaken panguwaosipun Gusti. Awit tiyang punika mboten malih ngendelaken kamanungsanipun, ananging ngendelaken Gusti kemawon.
Kita saged sinau saking Rasul Paulus anggenipun ngendelaken Gusti ing gesang lan peladosanipun. Minangka tiyang ingkang martosaken Injil, Rasul Paulus ngadepi maneka warni pameteg lan bebaya. Rasul Paulus nathe ngraosaken sedaya panandhang punika piyambakan, awit mboten wonten kanca ingkang mbelani. Ananging Rasul Paulus mboten malih ngendelaken kamanungsa, ananging ngendelaken Gusti. Pramila Rasul Paulus paring paseksi: “Nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku. Karodene Gusti bakal ngluwari aku saka ing sarupaning panggawe ala.“ (Lukas 4:17a, 18a). Pramila, sanadyan kathah panandhang lan bebaya, Rasul Paulus mboten semplah ing Gusti. Kados dene Rasul Paulus, kadang kita ugi ngadepi bebaya utawi panandhang. Ananging kita saged tansah nyuwun kekiyatan saking Gusti satemah saged ngadepi lan ngrampungaken sedaya prekawising gesang.