Renungan Bahasa Jawa

(Mateus 16:13-20)

Paus Fansiskus nate paring pangandikan “dados seksining Sang Kristus tegesipun boten lajeng dados kaum suci, nanging saged kemawon tiyang sekeng ingkang matur “kula punika tiyang dosa, nanging Sang Kritus Yesus punika Gusti lan kula badhe ngudi andum paseksi ing gesang padintenan sarta ndandosi tata gesang kula ingkang lami tumuju ing gesang anyar”. Inggih punika satunggaling pamrayogi saking Paus Fransiskus bilih sedaya tiyang saged dados seksinipun Sang Kristus Yesus ingkang boten nyawang kalenggahan, umur, suku, budaya, lsp.

Makaten ugi wonten ing waosan Injil ing dinten punika nalika Gusti Yesus paring pitakenan tumrap para murid “kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?” (13) lan wangsulanipun para murid “wonten ingkang cariyos: Nabi Yokanan Pambaptis; wonten ugi ingkang mastani; Nabi Elia; wonten ugi ingkang mastani Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi.”(14). nyatanipun kathah sanget pemanggih bab sinten ta Putraning Manungsa punika.

Gusti Yesus paring pitakenan malih tumrap para murid “nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?”(16). atur wangsulanipun Simon Petrus “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang”(16). wangsulanipun Simon Petrus punika satunggaling pengakening Simon Petrus. Wicanten bab Simon Petrus, piyambakipun punika satunggaling muridtipun Gusti Yesus ingkang kalebet “celak” kaliyan Gusti Yesus. Menawi kita purun ningali kadospundi peladosanipun Simon Petrus lan sinten Simon Petrus kita saged nemahi bilih Simon Petrus punika boten saking kalangan “inggil” nanging namung Juru amek iwak. Nanging Simon Petrus punika Muridtipun Sang Kristus ingkang sae lan ngakeni bilih Yesus punika Sang Kristus, Juru Wilujeng, Putraning Manungsa. Dados, Simon Petrus punika murid ingkang ngakeni lan nindakaken dhawuh kanthi nyata.

Kita minangka muridtipun Sang Kristus ingkang jaman samangke, kedah nulad Simon Petrus ingkang ngakeni Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng lan nindakaken kanthi nyata dhawuhipun Gusti Yesus. Sinten kemawon kita, kita kedah saged dados seksining Sang Kristus ingkang prayogi. Seksi ingkang nindakaken dhawuh kanthi pitembungan, pangangen-angen lan tindak-tanduk supados Asmaning Gusti Yesus Sangsaya kaluhuraken ngantos dumugi ing salami-laminipun. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.