Sadherek, tembung INTEGRITAS èstunipun ngemu teges ingkang lebet sanget. Tembung kasebat asal usulipun saking tembung Integer (Inggris), maknanipun: wetah, nyawiji, boten saged dipun sogok. tembung Integritas punika wonten sambet rapetipun kaliyan tiyang ingkang kadunungan watak jujur, tageljawab, saged dipun pitadosi, jumbuh antawisipun lahir lan batin, antawisipun wicantenan lan tindak pakarti.

manawi kita purun nggatosaken kanthi permati. Kita èstu badhé manggihaken bilih Gusti Yésus dados Sumbering Integritas. Gusti Yésus sumadya rawuh ing jagad wradin madeg minangka MÉSIAS kanggé sedaya titah, boten namung kanggé tiyang Yahudi kémawon. Gusti Yésus dipun pèpètaken déning kahanan supados madeg dados Mésias religius politis, nanging boten kersa. Gusti tetep dados Mésias sejati Mésias universal.

Wonten ing paseksi ing kitab Mateus 22:16-17 kapratélaaken makaten: “Nuli kongkonan murid-muridé bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapadéné Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang. Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”

Pitakènan punika kalebet pitakènan ingkang sensitip. Amargi rikala semanten, wiwit taun 6 Masèhi, tlatah Yudea dipun kuwaosi déning bangsa Romawi. Tlatah punika kalebet ing wewengkoning kekaisaran Romawi, pramila pancèn WAJIB mbayar pajeg. Tumraping tiyang Yahudi kuwajiban punika karaosna ngganjel amargi kaisar kaanggep kafir. Kamangka tiyang Yahudi kulina nggadhahi paham Theokrasi, tegesipun pemimpin sejati punika inggih namung Sang Yéhuwah. Pramila manawi mbayar pajek, mangka kaisaripun Kafir, ateges ngakeni bilih ingkang dados tetungguling bangsa boten malih Gusti Allah, nanging Kaisar Kafir punika.

Gusti Yésus pirsa kawontenan punika wau, lan boten purun dhumawah ing pacobèn. Pramila lajeng paring pangandikan makaten: Nanging Gusti Yésus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulané banjur ngandika: “Hé, wong lamis, yagené kowé padha nyoba marang Aku. Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji. Panjenengané nuli ndangu: “Iki gambaré lan tulisané sapa?”
Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yésus banjur ngandika: “Mulané Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah.”

Wonten ing ngriki, cetha sanget bilih Gusti Yésus nélakaken bilih kadunungan integritas minangka Mésias. Pramila boten lepat manawi sinebat ing ayat punika bilih Gusti Yésus sinebat déning tiyang: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur….”

Sebatan punika mratèlakaken bilih pancèn Gusti Yésus saèstu kadunungan integritas minangka Mésias ingkang pantes sinuyudan lan kadadosaken patuladhan tumrap sadaya manungsa. Gusti Yésus ngersaaken supados para pandhèrèkipun sumadya nulad bab punika: Gesang kadunungan Integritas, kadosdéné Sang Mésias! Kadunungan: Ketaatan, kakendelan, raos urmat, jujur, lan sumarah mring Sang Yéhuwah. Wohing Integritas ingkang makaten punika ing prelu kita tulad. Sadherek, Samangké sumangga kita cecawis dhiri, sumarah nyadhong berkah. Mugi-mugi kita kadunungan integritas. Gusti mberkahi. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.