Sedaya manungsa temtu nate ngraosaken momotan wonten ing gesangipun, dadosa: prekawis ing padamelan, prekawis ing brayat, prekawis ing paladosan, lsp. Sedaya prekawis ingkang dipun alami dening manungsa temtu saged karampungaken.

Nanging wonten satunggal prekawis ingkang dipun bekta ngantos kapundhut Gusti inggih punika dosa “awit pituwase dosa iku pati” ( Rum 6:23). Prekawis bab dosa punika saged dipun rampungaken namung saking kanugrahaning peparingipun Gusti. Kanthi kakiyataning manungsa piyambak, kita boten saged nampi kawilujengan.

Salah satunggaling cara supados kita saged njagi kawilujengan peparingipun Gusti Yesus inggih punika saking pamratobat. Menawi kita boten purun mratobat lan ngakeni dosa-dosa kita wonten ing ngarsanipun Gusti, undhuh-undhuhanipun “kowe bakal padha tiwas” (Luk 13:3). Tembung tiwas tegesipun boten saged nampi gesang langgeng prasetyanipun Gusti wonten ing Kratoning Swarga.

Wonten ing waosan Injil Lukas 13:1-5, Gusti Yesus ngendika bilih sedaya dosa punika sami. Boten wonten dosa ingkang ageng lan dosa ingkang alit. Werdinipun, nalika manungsa nindakaken dosa punapa kemawon lan boten purun mratobat ganjaranipun kasangsaran ingkang langgeng (2-5).

Pamratobat punika satunggaling ajakanipun Gusti Yesus tumrap sedaya manungsa ingkang purun nglampahi gesangipun kanthi kawicaksanan lan mawas dhiri.

Sumangga kita nggemeni wekdal peparingipun Gusti Allah kanthi sasae-saenipun. Kita kaparingan wewengan supados kita purun ndandosi tata gesang kita piyambak-piyambak sarta ngeneraken gesang kita dhumateng Sang Guru. Sami kaliyan pasemon peparingipun Gusti Yesus ing Injil Lukas 13:8-9. Menawi gesang kita saged nguwohaken woh ingkang sae lan manis temtu boten badhe dipun tegor, kosok-wangsulipun menawi gesang kita boten saged nguwohaken woh, badhe dipun tegor utawi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah boten saged dipun pulihaken utawi dipun anyaraken.

Sumangga ing minggu Pra-Paskah 3 punika kita gesang kanthi pamratobat lan kita mbudidaya gesang ingkang langkung sae ing ngarsanipun Gusti. Kita buktekaken wonten ing ngarsanipun Gusti bilih kita saged saos sokur awit sampun dipun paringi kanugrahan kanthi tansah mratobat. Roh Suci nyagedaken kita sedaya lan Gusti Allah ingkang maringi berkah. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.