Renungan Bahasa Jawa

Ayat : Lukas 24: 13-35

Ing gesang padintenan, kita asring ngraosaken sisah, gela, lan semplah. Temtu prekawis punika njalari kita rumaos boten semangat nalika badhe nindakaken pakaryan utawi tanggel jawab kita. Kados paribasan “Hidup Segan, Mati Tak Mau”.
Inggih kados makaten gambaran raosing manah sekabatipun Gusti ingkang wangsul tumuju ing kitha Emaus. Ing satengahing margi, Kekalihipun sami rembagan bab maneka warni lan kekalihipun kepanggih kaliyan Gusti Yesus, nanging boten sami sumurup yen punika Sang Guru ingkang sampun wungu.

Kenging punapa kekalihipun kados-kados kecalan pangajeng-ajeng? Awit kekalihipun sami boten sumurup bab Misi utawi Pakaryan Agungipun Sang Kristus bab kawilujenganing manungsa. Kekalihipun sami ngajeng-ajeng bilih Sang Kristus punika manungsa ingkang saged ngawonaken paprentahan Romawi lan ngluwari masyarakat Yahudi saking panindhes.

Nanging, Gusti Yesus boten negakaken para sekabat punika wangsul kanthi semplah awit pangajeng-ajeng ingkang klentu. Gusti Yesus sacara pribadi lan sacara langsung kepanggih kaliyan muridipun lan paring piwucal ingkang sae.
Nalika kepanggih lan rembagan sarta mirengaken piwucalipun Sang Guru, kekalihipun rumaos gumregah “atiku rak wis padha ngangah-angah” ay. 32. Saking pirembagan lan pepanggihan punika, para sekabat ingkang sewaunipun semplah, malah dados bingah-bingah lan semangat malih. Sanalika ugi sami wangsul malih dhateng Yerusalem lan atur paseksi ing kitha Yerusalem bab wungunipun Sang Kristus.

Para Sadherek, kadosdene waosan Injil dinten punika, nalika kita ngraosaken sisah, gela, bosen, utawi malah semplah, sumangga kita ngeneraken manah dhumateng sabdaning Gusti punika. Gusti boten nate negakaken para sekabatipun nglampahi gesang piyambakan. Ing mangsa Covid-19 samangke, sumangga kita ngudi dados sekabatipun Gusti ingkang kebak ing pangajeng-ajeng lan pitados, Sang Kristus piyambak ngiyataken lan nglipur gesang kita sabrayat kanthi cara-cara ingkang boten saged kanyana-nyana. Gusti mberkahi lan mitulungi kita sadaya supados kita saged tansah leladi lan atur paseksi bab kasaenaning Gusti. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.