Ing waosan dinten punika wonten tigang prakawis ingkang kedah kita tindakaken supados saged mbangun pepanggihan ingkang samidéné netepaken lan ndhatengaken katentreman.

1. Gusti ngagem sok sintena kanggé ndhatengaken katentreman.
Sinten ingkang badhé nginten menawi Sang Ratuning Katentreman badhé miyos saking kitha alit, Bètlehèm? Ananging Gusti kepareng ngagem Bètlehèm kitha alit kanggé mulyakaken pakaryaniPun ingkang ageng inggih punika miyosipun Ratuning Katentreman. Saking bab punika kita dipun ajak ngraosaken bilih Gusti kepareng ngagem sok sintena kémawon, malah ingkang kaanggep mboten aji tumrap manungsa. Pawartos punika kedahipun mbereg sok sintena kita, kanggé tumanggap dhumateng pakaryaniPun Gusti ing salebeting ndhatengaken katentreman ing bumi.

2. Gusti ngersakaken kasetyan sanès kamursidan tata lair.
Wonten ing serat Ibrani, kapratélakaken bilih Gusti mboten ngersakaken sadaya jinis kurban lan pisungsung, sanadyan kaaturaken miturut angger-anggering Torèt. Serat Ibrani nedahaken bilih wekdal semanten sadaya kurban ingkang kaunjukaken asipat tata lair lan karana ajeg kémawon. Gusti mboten ngersakaken kita kacencang wonten ing sadaya ingkang asipat pranatan agami, ingkang sarana makaten kita kaanggep sampun katampi ing panggalihipun Gusti. Nanging mboten ateges ingkang katindakaken manut paugeraning agami punika lepat, mboten makaten. Gusti mboten ngersakaken kamursidan namung wonten ing tata lair, Gusti langkung karenan dhateng kasetyan.

Ing katranganipun, serat Ibrani nyebataken bilih Gusti Yésus minangka kurban ingkang ndadosaken karenan ing panggalihipun Gusti, kinarya dados patuladhan ingkang sampurna menggahing kasetyanipun. Gusti Yésus karsa nyingkiraken ajining dhiri lan ngagem kasetyanipun dhumateng Sang Rama, malah setya dumugi ing sedanipun ing kajeng salib. Inggih punika sebabipun ”pangurbananipun Gusti Yésus” karenan ing ngarsanipun Sang Rama.

3. Pepanggihan ingkang nyantosakaken katentreman.
Kita saged ngraosaken raosing manahipun kenya Maryam nalika nampi pawartos bilih piyambakipun badhé ngandheg sang bayi Yésus. Kadospundi alokipun Yusuf? Kadospundi alokipun brayat? Kadospundi alokipun masyarakat lan jagad. Ananging kanthi sabar Maryam minangka “abdi” milih sumuyud dhumateng rancangan agung saking Gusti Allah. Maryam mboten nyawang prakawis ingkang badhé dipun adhepi, piyambakipun pitados ing salugunipun dhumateng karsanipun Gusti.

Pepanggihanipun kaliyan Elizabèt sadhèrèkipun, sangsaya ngiyataken lan neguhaken manah dhumateng timbalan, sanadyan awrat dipun lampahi. Kanthi makaten tiyang kekalih ngraosaken bilih pepanggihanipun samidéné ndhatengaken berkah. Pepanggihanipun njalari sumadya, tabah lan kiyat.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.