Wonten satunggaling lelampahanipun gesang saking kekasihipun Gusti Allah ingkang naminipun Arabella Katherine “Kate” Hankey.   Piyambakipun lair tanggal 12 Januari 1834 ing Kitha Clapham, Middlesex, Inggris lan seda ing tanggal 9 Mei 1911 ing London, Inggris. “Misionaris”, Hankey remen mbabar Injil dhumateng para pawestri ingkang nyambut damel ing pabrik. Piyambakipun mawas, bilih para pawestri ingkang nyambut damel ing  pabrik punika boten prekawis ingkang gampil lan mbetahaken kakiyatan saking Gusti Allah. Lumantar Kitab Suci para pawestri saged kiyat lan nglajengaken awratipun gesang.

Nalika Hankey ngancik yuswa 30 taun, piyambakipun nandhang sakit lan kaaturan ngaso dumugi 20 wulan. Sanadyan piyambakipun kedah ngaso dangu sanget, Hankey boten nate kendhat nyerat puisi ingkang endah.  Puisi punika ngendika bilih Hankey kangen sanget mbabar Sabda pangandikanipun Gusti, kangen mbabar sabda ingkang endah, kangen mbabar pawartos kabingahan awit katresnanipun Gusti tumrap manungsa. Jejer puisi punika wonten kalih “The Story Wonted” lan “The Story Told”. Saking puisi punika karipta satunggaling kekidungan ingkang jejeripun
“I Love To Tell The Story” utawi ing Kidung Jemaat 427:1 “Ku Suka Menuturkan cerita mulia, cerita Tuhan Yesus dan Cinta KasihNya. ‘Ku suka menuturkan cerita yang benar, penawar hati rindu, pelipur terbesar. ‘ ku suka menuturkan, ‘ku suka memasyurkan, cerita Tuhan Yesus dan cinta KasihNya.” Sanadyan kawontenaning gesang boten sae, nanging tansah makarya lan mbabar pangandikanipun Gusti.

Para sadherek, Gusti sampun miji kita sedaya supados kita purun makarya dhumateng kaluhuraning asmanipun Gusti kanthi ngener ing Sabdanipun Sang Guru. Gusti Allah boten nate benten-bentenaken golongan, kelompok lan sinten ingkang badhe kapiji. Sami kaliyan cariyos waosan Injil Mateus 4:18-21, nalika Gusti Yesus miji Simon Petrus lan Andreas supados purun ndherek  lan  makarya sesarengan Gusti Yesus ing jagad punika, mbabar pawartos kabingahan.

Simon Petrus lan Andreas purun ndherek lan mbikak manahipun sarta nilar padamelanipun inggih punika juru amek iwak dados Juru-Amek-Wong. Simon Petrus lan Andreas nampi Sabda Pangandikanipun Gusti lan nindakaken! Kados pundi kita? Punapa Sabdanipun Gusti dados landhesan anggen kita makarya ing jagad punika?
Para sadherek, supados kakiyataning Sabdanipun Gusti saged karaosaken lan kalampahan ing gesang kita, sumangga kita mbikak manah kita! Kita maos, ngraos-ngraosaken lan nindakaken Sabdanipun Gusti ing salebeting gesang lan pagesangan kita.  Gusti mberkahi lan Roh Suci nyagedaken kita sedaya.
Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.