Pangandikanipun Gusti mratelakaken bilih Gusti Allah punika nresnani jagad, kalebet manungsa ingkang sampun katitahaken. Katresnanipun Gusti asring kasebat kanthi tembung “agape”, inggih punika katresnan ingkang tanpa syarat. Gusti ingkang Maha Suci lan Maha Kawasa, sampun karsa rawuh ing jagad dados manungsa, inggih punika wonten ing Gusti Yesus Kristus. Rawuhipun ing jagad inggih supados manungsa nampi kawilujengan, pramila Gusti karsa nandhang sangsara lan seda sinalib kangge kita.

Minangka para putranipun Gusti, kita ugi katimbalan gesang ing salebeting katresnan. Wonten ing waosan Injil Mateus 22:34 – 46, kita nampi pangandikanipun Gusti Yesus bilih sadaya isining Toret lan kitabing para nabi punika gumantung wonten ing angger-angger katresnan, inggih punika: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging nyawanira, lan gumolonging atinira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedha lan luhur dhewe. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepdhanira dikaya marang awakira dhewe.” Katresnan dhumateng Gusti Allah punika mboten cekap setengah-setengah kemawon, ananging ing sadaya gesang kita. Pemikiran, raosing manah lan tindak-tanduk kita kedah tansah mratelakekan katresnan kita dhumateng Gusti. Katresnan mboten namung dhumateng Gusti Allah kemawon, ananging ugi dhateng sesami.

Sesambetan kita kaliyan sesami kedah tansah kabangun wonten ing salebeting katresnan. Makaten ugi ingkang kedah kita pratelakaken wonten ing satengahing brayat, sae antawisipun tiyang ingkang sesemahan, tiyang sepuh kaliyan anakipun, mara sepuh lan mantunipun, utawi eyang kaliyan wayahipun. Kadang kala kalampahan, kita mboten saged mratelakaken katresnan kanthi sae awit kawontenan gesang padintenan, upaminipun awit kesibukan, pitembungan ingkang ndadosaken sakiting manah, utawi kawontenan ingkang mboten cocok kaliyan pikajeng kita. Kadang kala kelampahan, tiyang ingkang nembe mbangun brayat ketingal mesra, kebak ing katresnan. Ananging dangu-dangu ngraosaken katresnanipun sangsaya suda. Pramila, katresnan punika pancen kedah tansah dipun jagi, dipun segeraken. Kedah wonten pambudidaya kita supados katresnan tetep saged seger lan ndayani ing salebeting gesang. Pambudidaya punika wujudipun maneka warni, antawisipun:

  1. Njagi sesambetan kaliyan Gusti
    Gusti punika sumbering katresnan wonten ing gesang kita. Gusti tuking pitulungan supados kita tansah saged mratelakaken katresnan wonten ing gesang kita. Nalika warganing brayat tansah purun pitados lan ngayom ing Gusti, temtu nampi pitulungan kangge tansah mbabar katresnan.
  2. Mujudaken katresnan ing tumindak nyata
    Mboten namung asring ngucapaken katresnan, ananging sageda mratelakaken katresnan kanthi tumindak nyata. Kados ta: tetep nggadhahi wekdal kangge brayat, sesarengan nyambut damel ngrampungaken pedamelan ing griya, lsp.
  3. Njagi katresnan
    Katresnan kedah kita jagi, gesangaken, segeraken, lan rimati kanthi sae supados mboten alum lan pejah.
Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.