Tembung SETYA miturut kamus Basa Indonesia tegesipun inggih punika: (1) Mituhu: Nyepengi kanthi kenceng, (2) Tetep lan puguh ing manah.Pangertosan punika nedahaken bilih setya mboten gumantung kaliyan situasi lan kawontenan. Setya tuwuh saking salebeting dhiri pribadi.

Ing waosan kapisan, Nabi Yérémia dipun singkiraken déning sanak kadangipun, dipun dakwa déning para imam, dipun poyoki tiyang kathah, dipun aniaya. Éwa semanten piyambakipun tetep nindakaken kuwajibanipun kanggé babaraken pangandikanipun Gusti Allah. Kamangka saupami Yérémia purun sekuthen (kompromi), mbok menawi piyambakipun boten badhé dipun singkiraken lan sangsara.

Ing manahipun nabi Yérémia naté tuwuh pepènginan badhé kèndel ngabaraken pangandikanipun Gusti Allah, “nanging menawi kula penggalih:Kula boten purun ngèngeti panjenenganipun lan boten purun mbabaraken pangandikanipun malih kagem Panjenenganipun” (ayat 9a). Saèstu damel lungkrah menawi sampun tumindak leres, nanging malah dipun mengsahi lan dipun lepataken. Boten sakedhik tiyang ingkang dodos mutung. Éwa semanten Yérémia ngendika bilih piyambakipun boten saged mandheg anggènipun martosaken pangandikanipun Allah, “… Ing sajroning atiku ana sawanah kang kaya geni kang mulad-mulad; kakurung ing sajroning balung-balungku. Aku kanthi kakuatanku mbudidaya nduwa, nanging aku ora kumawa” (ayat 9b). Yérémia ngraosaken pematag ingkang ngèdap-èdapi, ingkang damel piyambakipun boten saged sekuthon (kompromi) ing salebeting martosaken pangandikanipun Allah. Iman mujudaken satunggaling pèrangan ingkang mboten saged dipun kompromèkaken.

Kita kadangkala dipun abenajengaken kaliyan kawontenan ingkang boten gampil. Wonten patrap ingkang boten leres utawi patrap ingkang boten adil, nanging kita boten kuwawi ngandek utawi malah kita kepara katarik ing nglebetipun. Lingkungan ingkang kebak ing tumindak ala, korupsi, nerak pranatan lalu lintas, boten namung damel kita bingung mrantasi, nanging ugi nggoda kita kanggé tumut nglampahi/nindakaken. Punika èstunipun tantangan tumrap saben tiyang pitados; mbèntenaken bab-bab ingkang saged dipun kompromèkaken lan bab-bab prinsip ingkang boten saged dipun kompromèkaken. Nalika kita boten kuwawi mbèntenaken gesang badhé gampil goyah.

Pitados dhateng Yésus Kristus kalebet pèrangan ingkang baken lan boten saged dipun kompromèkakaen. Pangandikanipun Gusti Yésus : ”Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku. Lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa anaké wadon ngungkuli tresnané marang Aku, kuwi ora patut dadi murid-Ku.” Allah ingkang paring kawilujengan lumantar Gusti Yésus Kristus, punika dados kapitadosan ingkang utami. Sedaya pamanggih lan tumindak ing salebeting gesang katujokaken dhateng tuladhanipun Gusti Yésus. Punika ingkang dipun kersakaken déning Paulus ngéngingi gesang ènggal. Boten malih patokan ing dhiri pribadi ingkang malah saged mbereg kita nindakaken dosa, ananging kanthi pathokan dhateng Gusti Allah, ing pundi Roh Suci nuntun kita dhateng kawilujengan lan sih rahmatipun Allah.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.