Mbok menawi ing antawising kita wonten ingkang nate sakit ngantos dumugi pitung dinten. Temtu raosipun boten sekeca, kasiksa sanget. Badhe nindakaken pakaryan ugi boten saged awit boten gadhah daya. Punapa malih ingkang dipun raosaken pawestri ing Injil Lukas 13:10-17 ingkang nandhang sakit antawising 18 taun dados satunghaling conto ingkang nyata baba momotan ingkanh karaosaken dening pawestri Yahudi ing jaman semanten.

Sedaya ingkang karaosaken punika ndadosaken piyambakipun ngraosaken awrating gesang, lan temtu mbetahaken pitulungan lan pangluwaran.

Gusti Yesus mirsani pawestri punika lan trenyuh ing penggalih awit saking welasipun. Gusti Yesus nimbali pawestri lan ngendika “He mbok, lelaramu wis mari”. Gusti Yesus boten namung ngendika nanging ugi ndemek pawestri punika lan saestu sedaya panandhang ingkang karaosaken 18 taun saged mantun “ngadeg jejeg lan ngluhurake asmaning Allah”. Pawestri punika dipun luwari saking jireting gesang ingkang boten ngremenaken lan boten sekeca punika.
Saking lelampahan punika, kedahipun sedaya tiyang saged bingah-bingah, nanging wonten pehak ingkang katingal nepsu lan boten remen, inggih punika lurah papan pangibadah! Awit Gusti Yesus nyarasaken pawestri punika ing dinten sabat, dinten ing pundi tiyang yahudi boten kepareng nindakaken pakaryan. Gusti Yesus temtu ngraosaken sedhih lan duka awit tumindakipun lurah papan pangibadah punika lan ngendika bilih piyambakipun punika lamis.
Miturut Gusti Yesus, manungsa ugi nggadhahi wewengan saged dipun luwari saking sedaya momotaning gesang lan ngraosaken pangayomaning Gusti Allah boten winates wekdal.

Sadherek ingkang kinasih, saking lelampahan punika kita saged ngraos-ngraosaken bilih Gusti Yesus boten badhe negakaken para umatipun tansah kajiret momotaning gesang. Kita saben dinten saged ngraosaken berkahipun Gusti ingkang mawujud punapa kemawon. Awit kita tansah ngraosaken lan ngalami katresnanipun Sang Kristus, sumangga kita nglampahi gesang kanthi mursid wonten ing ngarsanipun Gusti. Kita ngudi lan buktekaken bilih kita ugi nresnani Gusti Yesus lumantar gesang kita, dadosa pitembungan, pangangen-angen, lan tindak-tanduk ingkang nyondhongi kaliyan karsaning Sang Guru. Wilujeng nglampahi gesang peparingipun Gusti kanthi mratelakaken kamursidan.

Gusti mberkahi.
Amin

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.