Manungsa asring nyambetaken panandhang kaliyan prekawis ingkang kirang sae utawi dosa. Pramila, kita asring mireng wonten tiyang ingkang pitaken: “Dosane apa yo, kok nganti ngalami lelakon kang kaya mangkono?” Utawi nalika kita piyambak ingkang nampi panandhang, kita ugi lajeng pitaken: “Aku dosa apa yo, kok nampa sing kaya ngene iki?” Para sekabatipun Gusti ugi nindakaken bab ingkang sami, nalika ningali tiyang ingkang wuta wiwit lair mila. Para sekabat sami kecencang ing pitakenan “Sinten ingkang damel dosa, dene tiyang punika kalairaken wuta?” Para sekabat sami pados katrangan bab sinten sajatosipun ingkang dosa, tiyang punika piyambak utawi tiyang sepuhipun (Yokanan 9:2). Nanggapi pitakenanipun para sekabat punika, Gusti Yesus sacara tandhes ngendika bilih anggenipun wuta punika mboten awit dosa tiyang punika lan ugi sanes dosa tiyang sepuhipun (Yokanan 9:3). Gusti Yesus ngleresaken pamanggih bilih sesakit utawi panandhang ingkang dipun sandhang tiyang punika awit dosanipun. Kita saged ngraosaken bilih Gusti Yesus mboten ngersakakaken manungsa punika dhumawah dhateng sikep ngakimi sesaminipun. Sikep ingkang nyawang prekawis-prekawis ing gesang kanthi sisih ingkang negatif utawi awon. Gusti Yesus ngendika bilih Gusti Allah saged kemawon kagungan rancangan ingkang endah ing sawingkinging sesakit utawi panandhang ingkang dipun alami dening manungsa. Wonten bab prayogi ingkang saged kapratelakaken dening Gusti Allah lantaran kawontenan-kawontenan ingkang kawawas mboten ngremenaken sacara kamanungsan. Pramila saking punika, sageda manungsa ngraosaken lan malah ndherek tumandhang kangge tansah nelakaken pakaryaning Allah ing salebeting kawontenan-kawontenaning gesang, kalebet ing salebeting panandhang.

Waosan minggu punika maringi gambaran bab punapa ingkang kedahipun kita tindakaken manawi kita kepengan ndherek nelakaken pakaryanipun Allah ing bumi. Rasul Paulus nerangaken bilih tiyang ingkang sampun kawilujengaken awit pitados dhumateng Sang Kristus, mboten namung ngalami dipun dandosi, nanging nampi ewah-ewahan, inggih punika saking peteng dhateng padhang. Ewah-ewahan punika saged ketingal wonten ing tata gesangipun. Tiyang ingkang sawaunipun nindakaken prekawis-prekawis mboten sae, ngalami ewah-ewahan dados tiyang ingkang ngudi kasaenan, kaadilan lan kaleresan ing gesang.

Nelakaken pakaryaning Allah wonten ing gesang punika pancen mboten gampil, lan malah saged ugi ndatengaken resiko wonten ing gesang. Sasampunipun Gusti Yesus nyarasaken tiyang wuta kala wau, wonten ugi tiyang ingkang mboten remen lan malah nglepataken Gusti Yesus. Tiyang ingkang mboten saged ningali pakaryanipun Allah ingkang sampun kababar, ananging malah madosi kalepatan kanthi migunakaken prekawis-prekawis karohanen. Kados-kados tiyang punika tiyang ingkang keres, saleh lan mbangun miturut kaliyan pangandika. Kamangka punika namung mratelakaken bilih tiyang-tiyang punika mboten nggatosaken kasangsaranipun sesami, mboten remen ningali sesaminipun nampi berkah, lan migunanaken ayat-ayat kagem ngleresaken pamanggihipun piyambak. Ananging, sanadyan wonten kathah tantangan, Gusti Yesus tansah nelakaken pakaryanipun Gusti Allah.

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.