Minggu punika mujudaken minggu pungkasan wonten ing salebeting kalender gerejawi kanthi mahargya Minggu Kristus Raja, ingkang ngatag pasamuwan ngraosaken lan ngluhuraken Gusti Allah ingkang Agung lan Mahakuwaos. Pangandika ing Yehezkiel 34:11-16,20-24 martosaken bilih Gusti Allah badhe dados Pangen Sejati lan badhe paring pitulungan dhateng umatipun.

Sebatan Pangen Sejati punika ngemu teges bilih Gusti Allah punika Maka Kawasa lan Agung, ingkang paring prasetya badhe nengenaken mendha-mendhanipun, madosi, paring kawilujengan, ngluwari, ngempalaken, ngengen, ngrimati, mulihaken, paring jaminan gesang, dados hakim, mitulungi lan mimpin mendha-mendhanipun. Prasetyan punika ngetingalaken bilih Gusti Allah kersa nelakaken panguwaosipun kanthi nampi lan preduli dhateng Bangsa Yehuda, sinaosa bangsa punika sampun tumindak ingkang mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti.

Panampi lan raos predulinipun Gusti dhateng umatipun ugi tetela ing Jabur 95:1-7a. Juru Mazmur ugi neksekaken bilih Gusti Allah punika pangayoman ingkang sejati. Gusti punika Raja ingkang nguwaosi jagad raya. Juru Mazmur nimbali umat supados ngakeni bilih manungsa punika kagunganipun Gusti satemah kedah nyaosaken sembah bekti dhumateng Gusti. Wonten ing panguwaosipun punika, Gusti mitulungi lan ndadosaken manungsa minangka mendha-mendhanipun ingkang dipun tuntun lan dipun engen.

Lumantar Serat dhateng pasamuwan Efesus kita ugi pikantuk kawruh bab Gusti Allah ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring gesang lan purba wasesa kagem Gusti Yesus. Wonten ing purba wasesa punika, pasamuwan dipun timbali dados peranganing sariranipun Sang kristus. Pangandika punika ngengetaken bilih kanthi panguwaosipun, Gusti Allah kersa nimbali manungsa dados peranganing sariranipun Sang Kristus.

Lumantar pangandika ingkang kita raosaken ing ngajeng, kita saged nekseni bilih Gusti Allah ingkang Mulya lan Maha Kuwaos punika, inggih Gusti ingkang nresnani lan malah kersa mitulungi mangungsa dosa. Raos katresnan lan preduli dhateng manungsa dosa mujudaken prekawis ingkang ngatag pasamuwan sageda anggadhahi katresnan lan raos preduli dhateng sesami, langkung-langkung sesami ingkang mbetehaken pitulungan. Gusti Yesus ugi paring piwucal supados manungsa saged ngluhuraken Gusti kanthi tumindak nyata, inggih punika nindakaken katresnan dhateng sesami. Nalika Gusti Yesus rawuh ing kamulyanipun lan ngakimi sedaya bangsa, tiyang-tiyang badhe dipun pisahaken adhedadhasar panampi lan tumindakipun dhateng sesami ingkang sekeng lan mbetahaken pitulungan. Malah lumantar pangandikanipun Gusti Yesus, kita saged ngraosaken bilih Gusti Allah punika manjing ing salebeting tiyang ingkang asor. Panampi, katresnan lan pitulungan ingkang katindakaken dhateng tiyang asor mujudaken tumindak ingkang kaaturaken dhumateng Gusti piyambak. Mahargya Minggu Kristus Raja mboten namung mahargya Gusti Allah ingkang Agung lan Mahakawasa, ingkang mitulungi manungsa lumantar Gusti Yesus. Mahargya Minggu Kristus Raja ugi ngadhahi teges mahargya timbalanipun Gusti Allah supados kita nindakaken panampi lan preduli dhateng sesami ingkang asor.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.