Minggu punika kita lumebet ing Minggu Trinitas. Kita ngriyayakaken saha ngraosaken Gusti Allah Trinitas (Tiga-tiganing atunggal): Allah Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci. Sampun kathah ingkang badhe ngaturaken reroncening tembung kangge nerangaken Gusti Allah Trinitas. Ananging Gusti Allah Trinitas pancen mboten cekap dipun terangaken kanthi andharan tembung-tembung kemawon. Gusti Allah Trinitas punika kedah kita raosaken ing salebeding gesang kita. Saben pangibadah, kita nampeni berkah wonten ing Gusti Allah Trinitas: “Sih rahmatipun Gusti Yesus, lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane Roh Suci, anaa ing kowe kabeh.” Pangaken pitados ingkang kita ucapaken ing pangibadah ugi mratelakaken kapitadosan kita ing Gusti Allah Trinitas. Makaten ugi, baptisan ingkang kita tindakaken ugi ing asmanipun Gusti Allah Trinitas: Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.

Waosan Injil Yokanan 16:12-15 ngajak dhateng kita ningali kados pundi Gusti Yesus maringi daya ingkang asipat kaallahan dhateng para sekabat. Daya punika nyantosakaken para sekabat ingkang dereng mangertosi enering peladosanipun Gusti Yesus. Saderengipun nandhang sangsara, Gusti Yesus ngendika bilih sejatosipun para sekabat dereng nggadhahi kekiyatan saderengipun Sang Roh Suci rawuh. Sang Roh Suci kasebat kanthi Roh Kaleresan, ateges Roh ingkang badhe maringi katerangan ingkang dipun telakaken seksi tumrap kaleresan, inggih punika Gusti Yesus. Dayaning Sang Roh Suci ingkang ndayani para sekabat saged wanuh dhumateng Gusti Yesus lan pakaryanipun, saha kados pundi sesambetanipun kaliyan Allah Sang Rama. Gusti Yesus ugi ngendika bilih menapa ingkang dipun ngendikakaken menika kersanipun Sang Rama saha Sang Roh Kaleresan badhe nelakaken menapa ingkang dipun ngendikakaken dening Gusti Yesus. Pakaryanipun Trinitas ketingal wonten ing Yokanan 16:15 “Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.” Prakawis punika nggadhahi ancas bilih menapa ingkang dipun telakaken dening Gusti Yesus dhateng para sekabat, pinangkanipun saking Sang Rama saha ingkang katampi dening Sang Roh Suci menika saking Gusti Yesus Kristus.

Saking waosan Injil kita kaemutaken wigatosipun adeging Sang Putra saha Sang Roh Suci kangge dumugi dhateng Sang Rama. Gusti Yesus nindakaken karsanipun Sang Rama, saha lumantar pakaryanipun Gusti Yesus, manungsa saged mangertos jati dirinipun Sang Rama. Wonten ing prekawis punika ketingal manunggilipun Sang Rama lan Sang Putra. Kagem njajagi pakaryan saha pratelanipun Gusti Yesus tumrap Gusti Allah Sang Rama, Sang Rohing Kaleresan dipun paringaken dhateng para sekabat. Kanthi makaten, kita ningali bilih Injil Yokanan ngajak kita wanuh kaliyan Gusti Allah Trinitas minangka Sang Rama ingkang tansah nepangaken pribadinipun dhateng kita lumantar Sang Putra saha Sang Roh Suci. Salebeting manunggaling Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, manungsa saged wanuh dhateng kaleresan.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.