Dinten menika kita dipun ajak ngupadi Gusti Yésus. Menapa sebabipun? Awit Panjenenganipun menika sumber samukawis prekawis. Juru nyerat serat Ibrani mbèbèraken andharan ingkang narik kawigatosan, menggah sinten Gusti Yésus menika kanthi mbandhingaken Yésus kaliyan Mèlkisèdhèk. Tumrap Juru nyerat Ibrani, Gusti Yésus ngungguli Imam Mèlkisèdhèk. Kamangka Mèlkisèdhèk dipun anggep langkung unggul katimbang imam-imam umumipun.
Sak-botenipun wonten 3 alesan ingkang kaandharaken Juru nyerat serat Ibrani, antawisipun:
Sepisan, Mèlkisèdhèk boten gadhah sarasilah (7:3). Imam wonten ing tradisi Yahudi asalipun kedah saking keturunan Harun. Boten wontenipun sarasilah njalari tetiyang saged damel kesimpulan bilih Mèlkisèdhèk nggadhahi hak dados imam awit kualitas pribadinipun. Kaping kalih, Asma Mèlkisèdhèk ateges ratuning kaadilan, ratu ing Salem, inggih ratuning tentrem rahayu (7:2). Ciri-ciri adhedhasar saking asma wau, ketingalipun nyaketi wonten ing dhirinipun.

Kaping tiga, Mèlkisèdhèk menika ingkang mberkahi rama Abraham (7:1). Berkah menika umumipun kaparingaken dhateng ingkang wonten ing sangandhapipun. (upaminipun saking bapak dhateng anak). Menika ateges Mèlkisèdhèk langkung inggil katimbang rama Abraham, ramaning para leluhuripun bangsa Yahudi.
Tetiganing katrangan menika kaagem Juru nyerat Ibrani kanggé nedahaken kalenggahanipun Gusti Yésus Kristus minangka sang Imam Agung. Inggih awit kalenggahan minangka Imam Agung menika ingkang njalari saged kasumerepan kwalitas pribadhinipun Gusti Yésus ingkang suci, tanpa salah, tanpa blentong, ingkang pinisah kaliyan para tiyang dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsunipun swarga (ay. 26).Imam Agung wau menika Allah piyambak, ingkang rawuh kanggé ngluwari manungsa saking blengguning dosa.

Saking paseksinipun juru mazmur lan ugi nabi Yèrèmia, kapratélakaken bilih Imam Agung menika boten naté mandheg anggèning ngasihi umatipun. Malah Panjenenganipun ugi aprajanji paring kawilujengan ing satengahing manéka-warni panandhanging umat. Awit saking menika, sumangga kita Ngupadi Gusti Yésus. Ngupadi menika satunggaling timbalan supados kawigatosan kita sawetahipun (fokus) wonten ing Panjenenganipun. Dados, tembung ‘ngupadi’ ing mriki ateges pambudidaya manggihaken malih eneripun kawigatosaning gesang kita. Pambudidaya menika boten gampil, awit adhakanipun panyawanging manah kita dhateng prekawis sanès umumipun langkung kiyat, katimbang dhateng Gusti Yésus.

Bartiméus ngatingalaken tumindak aktif ngupadi Gusti Yésus.Saking ing sak-pinggiring margi piyambakipun nguwuh-uwuh sora: “Dhuh Gusti Yésus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!” Inggih wonten ing Injil Markus menika, ingkang sepisanan Gusti Yésus sinebat tedhakipun Sang Prabu Dawud. Ing mriki kita manggihaken, Bartiméus ingkang mripatipun wuta ananging piyambakipun saged sumerep kanthi cetha menggah sinten Sang Kristus menika. Lah menika jalaranipun, nalikanipun tetiyang kathah nyendhu piyambakipun lan sami menging supados mèndel, nanging piyambakipun malah sangsaya sora panguwuhipun. Tatag lan santosaning manahipun menika ingkang njalari Gusti Yésus kersa kèndel anggènipun tindak sarta dhawuh dhateng murid-Ipun nimbali piyambakipun lan Gusti Yésus ndangu: “Karepmu Dak-kapakaké?” (ay. 51). Salajengipun jawabipun Bartiméus saya nedahaken manawi piyambakipun saged “ningali” Gusti Yésus. Atur wangsulanipun: “Rabbuni, mugi kawula saged ningali!” Tembung “Rabbuni” ateges Guru.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.