Ing pundi kemawon papan lan kapan kemawon wekdalipun, tumindak boten jujur punika satunggaling perkawis ingkang klentu. Saben manungsa katimbalan supados tumindak lan ngucap kanthi jujur. Saprayitnanipun tiyang, menawi tumindak boten jujur tetep kemawon tiyang punika lepat.

Nalika kita nindakaken kalepatan utawi dosa, ingkang wigati punika kita wantun jujur punapa boten.

Pasemon bab “juru-gedhong kang ora temen” ing waosan Injil Lukas 16:1-9, ngemutaken kita sedaya bilih saprayitnanipun tumindaking juru-gedhong punika, ing paningaling bendaranipun, juru-gedhong punika tetep klentu, boten leres, lan kedah dipun pocot. Saking waosan Injil punika kita nyinau, ancasan ingkang sae kedah dipun tindakaken kanthi cara ingkang sae ugi supados samudayanipun pancen sae lan leres. Boten sisah nempuh utawi pados margi ingkang klentu demi kasaenanipun utawi kapentinganipun piyambak.

Pasemon juru-gedhong ingkang boten jujur punika kalajengaken piwucal bab tanggel jawab. Ing waosan Injil Lukas 16:10-13, sanadyanta alit tanggel jawabipun, menawi dipun tindakaken kanthi sae badhe ndhatengaken perkawis ingkang langkung ageng malih. Kosok-wangsulipin, menawi boten saged nindakaken tanggel jawab ingkang alit kanthi sae, saged kemawon tiyang punika boten malih dipun pitadosi dening tiyang sanes sanadyanta perkawis ingkang alit.

Makaten ugi ing salebeting kayektosan. Kita kedah nggladhi dhiri kita supados wantun jujur utawi nindakaken perkawis ingkang kalebet alit minangka wujud tanggel jawab kita. Menawi kita wantun tumindak jujur lan tanggel jawab, Gusti Allah badhe maringi tanggel jawab ingkang langkung ageng. Sangsaya ageng tanggel jawab ingkang kita tampi, sangsaya ageng malih berkah lan pangayomanipun Gusti, nanging kita kedah jujur.

Menawi kita ngakeni bilih kita putranipun Gusti Yesus, sumangga kita tansah ngupadi nindakaken dhawuhipun Sang Kristus. Nindakaken dhawuhipun Gusti kita wiwiti saking perkawis ingkang alit inggih punika jujur. Sampun ngantos kita ngakeni tiyang Kristen nanging boten wantun jujur awit mburu kapentingan kita piyambak arupi bandha, kalenggahan, lsp, kados-kados kita para pandherekipun Mamon (dipun gambaraken minangka sisih piawonipun bandha kadonyan). Tuwuh pitakenan, kita badhe dados Putranipun Sang Kristus Yesus punapa malah ngudi dados balaning Mamon? Wilujeng nglampahi gesang peparingipun Gusti Allah kanthi njunjung lampah gesang ingkang jujur. Roh Suci tansah nganthi, nuntun lan ngayomi panjenengan. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.