Minggu punika kita mahargya Minggu Kristus Raja. Kita pitados bilih Sang Kristus punika Ratuning jagad. Injil Mateus 25:31-45 nggambaraken rawuhipun Sang Kristus ing kamulyanipun lan lenggah ing dhampar kamulyan, lajeng dados hakim sedaya bangsa. Prekawis punika ingkang kita pitados lan wonten ing Pengaken Pitados Rasuli inggih punika “Lajeng sumengka dhateng swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.” Wonten ngarsanipun Gusti Yesus, sadaya tiyang ngaturaken tanggel jawab ing gesangipun. Sadaya tiyang badhe kapisah dados 2 (kalih), kados pangen misahaken wedhus gembel kaliyan wedhus jawa. Wedhus gembel kapapanaken ing sisih tengenipun, dene wedhus jawa kapapanaken ing sisih kiwanipun. Gusti ngendika bilih ingkang wonten ing sisih tengenipun inggih punika ingkang binerkahan dening Sang Rama lan badhe nampi Kraton ingkang langgeng. Tiyang-tiyang punika mujudaken tiyang-tiyang ingkang ing gesangipun mratelakaken katresnan dhumateng Sang Kristus. Wujud katresnan dhumateng Sang Kristus punika kacetha kanthi gesang nresnani sesami. Kosok wangsulipun, ingkang ing sisih kiwanipun sami nampi paukuman ingkang langgeng, awit mboten mratelakaken katresnan dhumateng Gusti ing gesangipun. Tiyang-tiyang punika ing gesangipun mboten preduli dhateng sesami ingkang mbetahaken pitulungan.

Kawilujengan punika kita tampi nalika kita pitados dhumateng Gusti, mboten adhedhasar tumindak sae. Ananging, lumantar pangandika dinten punika, kapitadosan punika badhe mitulungi kita gesang ingkang ngener dhumateng kersanipun Gusti. Tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti inggih punika tiyang ingkang badhe mratelakaken gesang sae, inggih punika gesang ingkang kebak ing katresnan. Kasaenan wonten ing gesangipun mboten kangge nggayuh kawilujengan, ananging punika mujudaken tata gesangipun tiyang pitados. Tiyang-tiyang ingkang wonten ing sisih tengenipun Gusti, ingkang sami nampi Kratoning Swarga nindakaken sedaya kasaenan punika kanthi tulus. Pramila, tiyang-tiyang punika sami pitaken kala punapa tiyang-tiyang punika ngladosi Gusti Yesus. Gusti Yesus nedahaken bilih sedaya ingkang sampun katindakaken dhateng sesaminipun ingkang mbetahaken punika wujud katresnanipun dhumateng Gusti. Kasaenan punika tulus, pancen manahipun manah ingkang kebak ing katresnan. Manah ingkang preduli dhateng kabetahanipun sesami. Pramila manawi kita punika saestu manembah dhumateng Gusti Yesus minangka Ratuning jagad, kita badhe preduli dhateng sesami.

Jaman sak punika, manungsa asring nengenaken punapa ingkang dados kabetahanipun piyambak. Mboten preduli kaliyan sesaminipun. Minangka tiyang pitados, pangandikanipun Gusti ngengetaken dhateng kita supados kita tansah saged mratelakaken katresnan dhateng sesami minangka wujuding kapitadosan kita dhumateng Gusti. Nyembah dhumateng Sang Kristus mboten namung lumantar pandonga, kekidungan lan pangibadah, ananging ugi ing salebeting tumindak nyata, inggih punika tumindak ing salebeting katresnan.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.