Pangajeng-ajeng mujudaken prekawis ingkang wigati wonten ing gesangipun manungsa. Makaten ugi ingkang dipun betahaken dening Bangsa Israel nalika ngraosaken gesang sangsara awit penindes bangsa sanes. Ing kawontenan punika, Nabi Yesaya nelakaken bilih Bangsa Israel tetep nggadhahi pangajeng-ajeng. Gusti Allah badhe tumindak ndatengaken tentrem rahayu. Pitulunganipun Gusti punika prasasat pepadhang ingkang nyirnakaken pepeteng.

Pangajeng-ajeng ingkang kaaturaken dening Nabi Yesaya punika tetela wonten ing pakaryanipun Gusti Yesus Kristus. Punapa ingkang endah lan nengsemaken ing swarga, samangke tumedhak ing donya, lumantar sadaya pakaryanipun Gusti Yesus ingkang memulang lan paring tuladha. Anggenipun martosaken kabar kabingahan, Gusti Yesus mboten piyambakan. Gusti Yesus ngresakaken para tiyang pitados ugi ndherek makarya sesarengan Gusti. Para tiyang ingkang nampi kabar kangingahan saking Gusti, kabereg nilaraken gesang ingkang kebak ing dosa lan nindakaken gesang anyar, tinuntun sihipun Gusti Allah. Gesang adhedhasar katresnan, kaadilan, kayekten, sesarengan Gusti Yesus dados pepadhang ing jagad. Pepadhang ing salebeting gesangipun manungsa, nuli badhe sumunar tumrap tiyang sanes.

Gesang ing salebeting pepadhang ugi kedah mawujud ing satengahing patunggilan. Ing salebeting pepadhang, gesang sesambetan kaliyan tiyang sanes ugi kabangun kanthi semangat guyub rukun ing satengahing kawontenan ingkang maneka warni. Sampun ngantos wonten tiyang ingkang gumunggung lan ngasoraken tiyang sanes. Katresnan punika ingkang dados wujuding pepadhang kita ing satengahing gesang sesarengan.

Nalika martosaken pitobat, Gusti Yesus nimbali para juru amek ulam dados pendherekipun. Para juru amek ulam punika tiyang ingkang prasaja. Ananging, wonten prekawis ingkang sae lan saged kita tuladha saking para juru amek ulam, antawisipun:

a. Sabar
Kados para juru amek ulam ingkang sabar nalika pados ulam, makaten ugi para kagunganipun Gusti anggenipun sami gesang nyunaraken pepadhang dhateng tiyang sanes. Sedaya mboten instan, ananging kita tetap sabar supados tiyang saged ngraosaken lan nampi pepadhang ing gesangipun.

b. Semangat
Para juru amek ulam asring mboten enggal pikantuk asil lan ngadepi maneka warni tantangan. Sanadyan makaten, sami tetap semangat supados manggihaken asil ingkang kados dipun kajengaken. Makaten ugi anggen kita martosaken pepadhang ing salebeting gesang. Mbok manawi ugi saged ngadepi maneka warni tantangan. Ananging, kita ugi kedah tetap semangat wonten ing pitulunganipun Gusti.

c. Saged angon mangsa
Para juru amek ulam mangertos kapan wekdal lan swasana ingkang sae kagem pados ulam. Makaten ugi anggen kita martosaken pepadhang, kita ugi katimbalan saged mangertos wekdal lan cara ingkang wicaksana kagem martosaken pepadhang ing salebeting gesang.

Gusti Yesus prajanji badhe nganthi pasamuwanipun dumugi ing wekasaning jaman. Panganthinipun Gusti ingkang tansah setya badhe nyagedaken pasamuwan anggenipun makarya nyunaraken pepadhang, saprelu mbabaraken kabar kabingahan.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.