Ing babagan ndedonga, Gusti Yesus mucal dhumateng kita supados kita ndedonga minangka tiyang ingkang éstu mangertos kaliyan Gusti. Mangertos saéstu kaliyan Gusti ateges tepang Panjenenganipun ingkang Maha Mirah, ingkang pirsa samukawis perkawis kalebet pirsa sedaya kabetahan kita. Nalika ndedonga syafaat, Rama Abraham pirsa dhumateng sinten panjenenganipun ndedonga.

Panjenenganipun pirsa saéstu sinten to Gusti ingkang dados enering pandonganipun. Malah Rama Abraham kagungan sesambetan ingkang saé kaliyan Gusti saéngga ing salebeting pandonganipun kawistara kanthi cetha kadospundi sesambetan antawisipun Gusti kaliyan Abraham lumampah kanthi prayogi. Donga mujudakaen sesambetan antawisipun tiyang kalih utawi kalih pribadi ingkang samidéné tepang kanthi sae lan lebet. Abraham ndedonga dhumateng Gusti, naging kacetha ugi bilih Panjenenganipun nilingaken talingan kagem midhangetaken punapa ingkang katindakaken dening Gusti.Abraham ngaturaken pepenginanipun dhumateng Gusti, nanging Abraham ugi mbikak manah kagem mirengaken menapa ingkang dipun kersakaken Gusti. Nyang-nyangan antawisipun Gusti saha Abraham lumampah alot sanget. Wiwit angka 50 dumugi 10. Abraham kekeh sanget anggénipun mbudi daya supados pepénginanipun saget kasembadan.Gusti ugi ketingal loma sanget midhangetaken pepénginanipun Abraham. Dados cetha sanget bilih Gusti punika loma. Gusti paring mangertos rancangan tumrap Sodom dhumateng Abraham, Gusti badhe numpes Sodom. Wonten ing Sodom pinanggih maewu-ewu tiyang ala, nanging upami wonten tiyang mursid 10 kemawon, Gusti badhé njabel paukuman . Kanthi mekaten Gusti badhé nélakaken dhumateng Abraham bilih wontenipun tiyang-tiyang mursid dipun betahaken sanget salebetipun gesang bebrayatan wonten ing masyarakat, sarta supados kacetha bilih Sih Rahmatipun Gusti dhumateng umatipun punika mboten winates.

Donga ingkang mubeng minger (bertele-tele), namung dipun tindakaken déning tiyang ingkang mboten tepang saé kaliyan Gusti.Tiyang punika nggadhahi panganggep bilih Gusti ngersakaken donga kita cetha wéla-wéla kanthi andharan ingkang panjang saha rinci, bab-bab kabetahan kita ingkang mirunggan kedah dipun ambali makaping kaping. Utawi kita saget ugi manggihaken cara ndedonga ingkang srakah, inggih punika kanthi pemanggih bilih kados-kados sampun mboten wonten wekdal malih badhe pinanggih kaliyan Gusti, saengga anggenipun ndonga borongan. Ing salah satunggaling wekdal, nalika Gusti Yesus purna ndedonga, murid-murid nyuwun dipun wucal ndedonga. Gusti tumuli mucal kadospundi prayoginipun ndedonga punika. Gusti mucal dhumateng para murid satunggaling donga ingkang asring kasebat Donga Rama Kawula, ingkang singkat nanging mentes ngewrat sedaya kabetahaning gesang lan nelakaken dhumateng sinten kita masrahaken sawetahipun gesang kita, inggih punika dhumateng Gusti ingkang nglubéraken Sih Rahmat dhumateng umat supados saget nglampahi gesang minangka tiyang mursid. Inggih awit saking Sih Rahmatipun Gusti ingkang ndadosaken kita kuwawi nglampahi gesang minangka tiyang mursid.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.