Renungan Bahasa Jawa

Lukas 2:22-40

Rawuhipun Sang Kristus Yesus ing Padaleman Suci nalika taksih bayi pancen ageng pangaribawanipun.
Kacariyosaken wonten 2 piyantun sepuh ingkang asmanipun Simeon lan Hana, ingkang dipun ajeni lan dipun tepang dening tiyang Yahudi bilih kekalihipun punika piyantun mursid. Simeon lan Hana ngertos bilih Sang Kristus Yesus punika minangka Juruwilujeng.

Kekalihipun kalebet setya tuhu dhumateng Gusti Allah (25) lan Roh Suci (27, 37). Kekalihipun pikantuk prasetya bilih boten badhe tilar donya saderengipun nyawang Sang Juruwilujeng (26). Mila, nalika nyawang bayi Sang Kristus Yesus, kekalihipun bingah sanget! (28-32).

Sadherek, kadosdene Simeon lan Hana ingkang nembe kalimputan kabingahan awit saged pinanggih bayi Yesus Kristus, kita samangke ugi kedah gesang kanthi kebak ing kabingahan! Gusti Yesus, Sang Juruwilujeng sampun miyos wonten ing manah kita piyambak-piyambak.

Sinaosa, Natal ing taun punika kalebet dinten Natal ingkang boten sami kaliyan taun-taun saderengipun awit wonten pandemi, sedaya punika boten tegesipun damel manah kita nglokro lan ngrumaosi sarta menggalih “Kok Natal saiki sepi-sepi wae yo, ora isa ngibadah bareng karo kanca-kanca neng greja”. Pancen pasamuwan GKJ Joyodiningratan ing dinten natal taun 2020 punika boten saged sesarengan nunggil ing salebeting ibadah sacara komunal ing greja, nanging sedaya punika Gusti piyambak ingkang nata lan ngersakaken supados kita saged samsaya celak kaliyan kaluwarga, sami andum pandonga supados sedayanipun saged endah lan prayogi wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

Wonten ing pungkasaning renungan punika, sumangga kita kanthi sukabingah nampeni Sang Panebusing dosa. Sumangga kita tansah ngeneraken manah lan nyawang sih kadarmaning Gusti Allah ingkang boten nate kendhat. Wilujeng dinten Natal, Gusti Yesus Sang Panebus sampun miyos ing manah kita sedaya. Gusti mberkahi, amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.