Ing salebeting gesang kapitadosan, wonten sapérangan tiyang ingkang tansah nyuwun bukti, menawi boten ningali fakta ingkang saged dipun tingali lan saged kanalar boten pitados. Tomas ing salebeting prekawis punika ngetingalaken salah satunggaling sekabat ingkang dipun kuwaosi dening pamikiranipun.

Wungunipun Gusti Yésus tanpa wujud nyata namung khayalan kemawon, pamanggihipun Tomas punika saged dipun mangertosi amargi kawontenan emosionalipun para sekabat nembe boten stabil nyumurupi Gusti nembe kasalib. Para sekabat saweg ajrih bokbilih mangke badhé ngalami kados ingkang dipun alami Gurunipun.Rikala Gusti ngetingal dhateng para sekabat , Tomas boten wonten ing ngriku pramila nalika para kanca-kancanipun ngabaraken bab punika, lajeng kadospundi responipun Tomas? Boten kok lajeng pitados lan bingah ananging malah paring calathu “menawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan”.

Gusti Yésus lajeng nanggapi wicantenanipun Tomas punika kanthi ngetingalaken sariranipun dhateng Tomas saingga Tomas saged ngaken mekaten dhuh Gusti kawula, Allah kawula. pengaken punika saged ngeribah gesang kapitadosanipun Tomas.Wungunipun Gusti saged ngeribah manahipun para sekabat saksampunipun sami nampi Roh Suci. Ing dinten Riyaya Pentakosta Yahudi, para sekabat sami ketingal boten ajrih malih nanging sami bingah lan netepaken bilih wungunipun Gusti Yésus mujudaken bilih Gusti sampun ngalahaken pati.

Kanthi kapitadosan ingkang kiyat pasamuwan kasagedna tetep pitados dhateng Yésus ingkang sampun wungu senajan boten ningali wujud daging lan darahipun Gusti.Bab ingkang sami dipun sekseaken dening pemazmur bilih boten wonten satunggal illah ing bumi punika ingkang saged nandingi panguwaoslan kamulyanipun Gusti. wonten ing Gusti sadaya tiyang pitados saged pikantuk kasampurnaning gesang kapitadosan. Gusti badhe nyekapi sedaya kabetahan tiyang pitados ingkang pitados dhateng Piyambakipun.

Temtu boten gampil nglampahi sakwernining tantangan lan pergumulaning gesang kanthi sukarena nanging agenging kapitadosan kita saged mangsuli tantangan lan raos sumelang kita. Kristus sampun wungu lan punika ateges Gusti punika Allah. Sedaya ingkang dipun janjèkaken nyata lan amin. Panjenenganipun prajanji badhe nganthi lan nyagedaken sedaya putra-putranipun ngadepi gesang ingkang kebak tantangan malah Piyambakipun prajanji bilih keslametan kita sampun kajamin ing swarga linangkung pangandika Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Pramila sajatosipun sampun lengkap ngesanging tiyang pitados karana kapitadosan dumateng Allah ingkang Maha Kuwaos. Tiyang pitados sakmesthinipun kedah nglampahi gesang kanthi sukarena. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.