Wonten ing lukisanipun kanthi irah-irahan A Helping Hand (Tangan kang Mitulungi), Emile Renouf nggambar satunggaling juru amèk iwak ingkang sampun sepuh, lenggah ing nglebet prau sesarengan kaliyan lare estri ingkang lenggah ing sisihipun.

Tiyang kalih punika sami-sami nggegem dhayung utawi welah ingkang ageng sanget. Juru amèk iwak kala wau nyawang lare estri ing sisihipun kanthi raos asih. Juru amèk iwak ngandika dhateng lare punika bilih piyambakipun angsal mbiyantu melahi prau. Lare punika ketingal gadhah grengseng mbiyantu melahi prau, ngantos rumaos kados-kados sampun kathah anggènipun nindakaken ayahan ingkang ageng. Mangka, cetha bilih ingkang ngébahaken welah ageng punika sejatosipun juru amèk iwak. Makaten ugi ingkang saged kita raosaken bilih Gusti Allah maringi wewengan dhateng kita kanggé tumut ngayahi pakaryanipun ing jagad punika. Ananging kita sampun ngantos ngendelaken kekiyatan kita, awit Gusti piyambak ingkang mbabar pitulungan lan berkahipun.

Sumendhe ing kasaenanipun Gusti ugi saged kita raosaken ing peladosanipun Rasul Paulus. Rasul Paulus nampi tetingalan tiyang saking Makédonia ingkang matur supados Rasul Paulus nyabrang sarta mitulungi tiyang-tiyang Makédonia. Tetingalan punika ndadosaken Rasul Paulus saha pasamuwan pitados bilih Gusti Allah punika karenan nélakaken kasaénanipun dhateng sadaya tiyang. Kapitadosan punika ingkang mberek Rasul Paulus dalah kanca-kancanipun gumrégah nitih prau kalajengaken mlampah dharat manggihi tiyang-tiyang ing wewengkon Makédonia, kalebet manggihi Lidia ingkang manggèn ing kitha Filipi. Pepanggihan kasebat mbiyantu tiyang-tiyang ingkang sami pepanggihan wau ngraosaken kasaénanipun Gusti Allah sarta mbangun pepénginan kanggé tansah tetunggilan kaliyan Gusti Allah. Pepanggihan punika ugi mbiyantu tiyang-tiyang ingkang sami tumut pepanggihan punika sami ngonjukaken panuwun sokur dhumateng Gusti Allah awit saking kasaénanipun kados ingkang dipun seksèni déning Juru Masmur ing Jabur Masmur 67.

Pangandika dinten punika nimbali kita kangge ngraosaken kasaénanipun Gusti Allah sinambi tansah nilingaken wisiking Sang Roh Suci. Awit Sang Roh Suci punika ingkang badhé memulang sarta ngèngetaken kita dhateng sadaya ingkang sampun dipun wucalaken dening Gusti Yésus. Sang Roh Suci ingkang badhé neksèni sarta nglairaken dhateng kita menggah punapa ingkang leres, sarta nuntun kita dhateng sakathahing kayektèn (Yokanan 14: 23-29). Kanthi makaten, badhé dumugi wekdalipun kita saged nyipati patraping gesang anyar, kados ingkang kaibarataken Yérusalèm ingkang anyar (Wahyu 21:10, 22-22:5). Gusti Allah karsa tetunggalan sarta srawung kaliyan umatipun. Patraping gesang ingkang kadhasaraken wonten ing katresnanipun Gusti Allah ingkang mboten mbédak-bédakaken sadaya titah. Pramila sumangga sami sengkut makarya kanthi tansah sumendhe ing kasaenanipun Gusti satemah kita saged dados berkah ing gesang sesarengan kados Rasul Paulus.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.