Renungan Bahasa Jawa

Wonten kekidungan makaten: “Gusti Yesus kula badhe ndherek Tuwan slaminya. Ndherek manggul salib Tuwan, sajeg kula neng donya. Kula Tuwan kiyataken sageda tahan susah. Sampun ngantos kemuriden, sampun cuwa ing manah.” Lumantar kekidungan punika, tiyang pitados mratelakaken tekading manahipun anggen badhe tansah ndherek utawi pitados ing Gusti. Kanthi kesadaran bilih pitados punika pancen mboten gampil lan ngadhepi kasangsaran. Ananging sadaya punika badhe dipun tampi lan dipun lampahi awit Gusti piyambak ingkang badhe mitulungi. Satemah mboten badhe mutung utawi gela ing kapitadosanipun punika.

Kasangsaran mujudaken prekawis ingkang dipun singkiri wonten ing gesangipun manungsa. Pramila nalika Gusti Yesus martosaken bilih Gusti Yesus badhe nglampahi kasangsaran ingkang kathah, katampik dening para pinisepuh lan pangajenging imam tuwin para Ahli Toret, lan dipun sedani, Petrus mboten saged nampi prekawis punika. Petrus wekdal samanten sampun mratelakekan bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus. Ananging, Sang Kristus miturut Petrus wekdal samanten inggih punika Sang Kristus ingkang hebat, ingkang badhe mimpin umatipun mimpang saking mengsah-mengsahipun. Sang Kristus ingkang nandhang sangsara mboten saged dipun tampi dening Petrus. Sanadyan Gusti Yesus ngendika bilih Gusti badhe wungu malih ing dinten ingkang kaping tiga, Petrus mboten saged nampi kasangsaran lan sedanipun Gusti Yesus.

Gusti Yesus karsa nandhang sangsara lan seda sinalib kangge kawilujenganipun manungsa. Wiwit Gusti Yesus miwiti pakaryanipun, Iblis sampun tansah mbudidaya supados pakaryan kawilujengan punika gagal. Pramila Gusti Yesus ngendika bilih pemikiranipun Petrus mujudaken pemikiran saking Iblis, inggih punika pemikiran supados Gusti Yesus mboten prelu sangsara lan seda. Ananging, Gusti Yesus mboten dhawah ing iming-imingipun Iblis. Gusti Yesus lajeng paring pangandika: “Saben wong kang arep ngetut buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku” (Markus 8:34). Tiyang ingkang badhe ndherek Gusti punika kedah mangertos bilih ndherek Gusti punika ateges kasanggeman kangge nyingkur awake dhewe, manggul salib lan ngetut wingking Gusti Yesus. Pitados dhumateng Gusti mboten awit badhe nampi gesang ingkang eca sekeca, ananging mbetahaken kekendelan kangge nandhang sangsara. Nyingkur awake dhewe ateges tansah ngudi kersaning Allah, mboten pikajengipun piyambak. Mikul salib punika tembung ingkang mratelakaken kasanggeman nandhang sangsara ing salebeting gesang, kados Gusti Yesus ingkang sampun mikul salib kangge kawilujengan kita. Dene ndherek Gusti, ateges tansah ngetut wingking Gusti Yesus. Sadaya punika ingkang badhe mitulungi tiyang manggihaken gesang ingkang langgeng. Gesang ing kamulyan sesarengan kaliyan Gusti. Punapa panjenengan wantun pitados kanthi kasanggeman nyingkur awake dhewe, manggul salib, lan ndherek Gusti Yesus? Gusti Mberkahi. Amin.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.