Bangsa Indonésia naté gadhah satunggaling pangageng ingkang tansah mbudi daya lan makarya supados rakyat ingkang dipun tuntun sami tuwuk padharanipun, sami gadhah arta ing dhompètipun, lan gadhah wawasan ingkang wiyar utawi pinter.

Ingkang lajeng katindakaken inggih kanthi njejegaken pranataning hukum, ngayomi lan mbélani kawula alit, mbrastha koruptor, mbuktèkaken bilih ing pamaréntahipun sadaya katindakaken kanthi jujur. Piyambakipun ugi mrangguli watek angkara lan culikanipun para pangreh praja, piyambakipun ngraosaken tangisipun para tiyang sepuh ingkang boten gadhah arta kanggé mbayar obat anakipun ingkang sakit, pasambat lan tangisipun para tiyang sepuh ingkang apes boten gadhah wragad mbiyayani laré sekolah.

Nalika dipun pracaya dados pangarsaning pepréntahan, piyambakipun nindakaken panguwaosipun kados ingkang dipun karsakaken Gusti Allah. Ananging nembé sakedhik ingkang dipun tindakaken, kathah tiyang ingkang boten remen sami ngupakara supados piyambakipun dhawah. Kanthi “kasus” ingkang dipun paéka dados perkawis ageng, sang panguwaos punika dhawah saking pepréntahan, malah ngantos dipun kunjara. Kula lan panjenengan sadaya dados seksi lan nyathet bilih kasaénan, burus, lan tumindak kendel atas naminipun kasaeéan, dipun tumpes lan dipun idak-idak. Pitakènan tumrap kita sadaya, Punapa lajeng boten wonten tiyang pitados ingkang sami kendel tumindak burus, tumindak sae, lan tulus? Wangsulanipun, temtu taksih wonten. Sinten ta tiyang punika? Tiyang punika, inggih kita sadaya para kagunganipun Sang Kristus, awit sadaya sampun nampi kawilujengan amargi pakaryanipun Sang Kristus.

Irah-irahaning waosan punika “Misungsungaken Gesang Kangge Sesami”. Bab punika sumangga kita nuladha Sang Kristus ingkang ngurbanaken sarira lan gesangipun menggah kawilujengan lan rejaning tiyang kathah. Nalika manah lan batos kita tansah kita isi kaliyan asmanipun Sang Kristus, kedahipun isining pemanggih kita nggegesang malih kados pundi riwayatipun para sekabat. Para sekabat suwau naming tiyang biasa, ringkih, sèkèng, tansah kuwatos, lan minder, nanging sadaya punika dados malik grémbyang nalika para sekabat sami ngisi manah lan pemanggihipun kaliyan tuladha lan tumindakipun Sang Kristus.

Semangat saha niyat kiyat ing irah-irahan “Misungsungkaen Gesang Kangge Sesami”, kedah ugi kita wujudaken ing patrap ing samadyaning tetunggilaning pasamuwan. Maknaning gesang sesarengan masamuwan, gotong-royong, nunggil ati-raos-katresnan, lan timbalan nunggil ing tanggel-jawab salebeting paladosan kedah tansah dipun wucalaken nganggé sarana/pirantos punapa kemawon. Inggih lumantar kotbah, patuwen, panyuraos kitab suci, pakempalan pandonga, paladosan sekolah minggu, paladosan kateksasi, dhiakonia lan sak piturutipun. Sadaya paladosan geréjawi punika saged kaagem dados pirantos kanggé ngindhakaken utawi nyengkakaken mutu para seksinipun Sang Kristus. Bab-bab ingkang magepokan kaliyan kasaenan, burus ing manah, sumanak ing pasedhèrèkan, kabingahan lan tentrem rahayu, sadaya punika dados pratandhaning tiyang pitados. Sumangga sami kita andum berkah, andum katresnan dhateng sesami, sinten kemawon tiyangipun. Lan ingkang wigatos, anggen kita badhe mujudaken sadaya punika temtu mbetahaken kataberèn, luwes prigel, lan teteg. Minangka tiyang ingkang dipun berkahi dening Gusti Allah, sumangga punika sami kita wujudaken. Amin

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.