Raos ajrih mujudaken prekawis ingkang limrah ing gesangipun manungsa. Prekawis ingkang nuwuhaken raos ajrih upaminipun, nalika badhe nglampahi operasi, momotan ing gesang utawi awit wonten pangancam. Raos ajrih punika ingkang ketingal ing para sekabatipun Gusti Yesus. Kitab Yokanan 20:19 nyariosaken para sekabat sami ngempal ing satunggaling papan kanthi konten ingkang kakunci.

Ing swasana punika, Gusti Yesus rawuh lan paring pangandika: “”Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh.”. Gusti Yesus ingkang wungu, rawuh supados para sekabat mboten malih kalimputan ing raos ajrih lan semplah. Pancen sedanipun Gusti sampun nuwuhaken raos semplah ing gesangipun para sekabat. Para sekabat sami kecalan Guru, Gusti lan pangajeng-ajengipun. Gusti Yesus ngengetaken bilih pancen Gusti kedah seda, ananging Gusti ugi wungu saking seda. Gusti Yesus nedahaken asta lan lambungipun, minangka tanda panandhang ing kasangsaran salib. Rawuhipun Gusti mujudaken timbalan supados para sekabat gumregah. Raos ajrih lan semplah kagantos raos bingah lan semangat. Para sekabat sami nekseni panguwaosipun Gusti ingkang sampun ngawonaken pepejah. Para sekabat ingkang badhe sami dados utusanipun Gusti, kedah pitados ing pangrimatipun Gusti. Para sekabat kedah neksekaken bilih Gusti saestu sampun wungu. Pramila, kedah sami nekseni lan pitados bliih Gusti sampun wungu. Nalika Tomas dereng purun pitados dhateng paseksinipun para sekabat ingkang sampun pinanggih kaliyan Gusti Yesus, Gusti Yesus piyambak ingkang manggihi dhateng Tomas. Gusti rawuh malih ing panggenan ingkang sami lan ing panggenan ingkang kakunci. Gusti nedahaken malih astanipun dhateng Tomas, lan Tomas saestu pitados bilih Gusti saestu sampun wungu.

Sasampunipun wungu, Gusti ngatingal dhateng para sekabatipun. Gusti Yesus ngendika bilih mboten badhe tansah nunggil kaliyan para sekabatipun ing jagad, awit Gusti kedah kondur dhateng Sang Rama. Sasampunipun Gusti Yesus mekrad, para sekabat punika ingkang kautus dados rasul-rasul kangge martosaken bab wungunipun Gusti. Lan ing paladosan punika, para rasul mboten piyambakan. Gusti badhe tansah nunggil lumantar Sang Roh Suci. Roh Suci ingkang nyantosakaken para sekabat ing peladosan. Pramila, ing Lelakone Para Rasul kita saged ningali kekendelanipun para sekabat. Sanadyan wonten pangancam lan kacepeng nalika sami martosaken bab Gusti, para sekabat mboten ajrih utawi mundur. Malah sangsaya anggenipun mempeng martosaken bab Gusti. Para sekabat sami pitados bilih Gusti mboten nathe nilaraken. Gusti Yesus punika Sang Alfa lan Sang Omega. Panjenenganipun ingkang kagungan panguwaos. Panjenenganipun ingkang badhe jumeneng ngadili sedaya tiyang nalika rawuh ingkang kaping kalih. Pramila, sanadyan wonten panganiaya lan panandhang, sageda para kagunganipun Gusti kasantosakaken awit pitados bilih Gusti tansah nganthi, ngayomi, lan ngrimati.

Print Friendly, PDF & Email

Leave a Comment

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.